SESORAH PENGETAN MAULUD NABI
Assalamu`alaikum wr.wb
A`udzubillah himinassyaitonirrojiim. Bismillah
hirrohmanirohim. Wassolatu wassalamu`ala syaidina muhammadin wa`ala alihi
wasahbihi ajma`in amaba`du.
Bapak-bapak, ibu-ibu, sederek kulo sedoyo, monggo-monggo
wonten ing enjing punika kita tansah ngunjukaken raos puja-puji syukur wonten
ing ngarso Dalem Allah SWT ingkang samoun paring kanikmatan soho kasarasan
dhumateng kito sedoyo, saenggo saged makempal wonten ing papan punika kanthi
wilujeng kalis nir rubida. Sholawat soho salam mugi kunjuk dhumateng junjungan
kito Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun paring pitedah mergi ingkang leres.
Bapak-bapak, ibu-ibu, sederek kulo sedoyo monggo kito sami
ngrekso lan ningkataken keimanan sarono sadar nindakaken amal solih kanthi
ikhlas, namung nyadhong rahmat soho ridanipun Allah Ta`ala. Alhamdulillah kito
tasih menggihi wulan Rabiul Awwal , tahun 1434 hijriyah, ingkang tiyang jawi
mastani wulan Mulud. Keranten woten ing salebetipun wulan Mulud junjungan kito
Nabi Agung Muhammad SAW dipun lahirakken ing alam donya. Jelasipun ing dinten
Senin, tanggal 12 Robiul awal tahun Gajah. Ingkanng kaleresan tanggal 20 April
tahun 571 Masehi.
Lahiripun Nabi Muhammad SAW tumrap kito sedoyo minongko rahmat sohho nikmat ingkang
ageng, keranten menopo sederek? Jalaran kito sedoyo saged mbedaaken halal lann
haram, sah soho batil, ugi saged mangertosi pundi agami ingkangsah menggahipun
Alloh SWT sedoyo kasebat jalaran wujudipun Nabi Muhammad SAW.
Wal hasil kito sedoyo
saged mentas serto medal saking alam kepetengan(jahiliyah) tumuju dhateng alam ingkang padang inggih punika ad-diin
al-islam. Sedoyo kasebat berkat jasa-jasa soho perjuanganipun Rosululloh SAW.
Milo wajar menawi kito umat islam ing pundi kemawon papan panggenanipun, sami
mboten keberatan, mboten katingal sami isah, sami syukur sarono sedekah kangge
ngurmati dinten wiyosipun junjungan kito Nabi Muhammad SAW.
Rosululloh ngendika ingkang tegesipun mekaten:
“Didiko siro kabeh marang anak-anak siro supoyo netepi telung perkoro,
yaiku: 1. Demen Nabimu; 2. Demen keluarga Nabi; 3. Demen moco Al-Qur`an.”
Kersanipun arti soho maknanipun remen lan trisno utawi
mahabbah dhumateng Nabi Muhammad SAW tambah antep lan anggadahi nilai tambah,
monggo kersho ambudidoyo ndhereki dhawuh-dhawuhipun Nabi Muhammad SAW ugi sami
usaha nyonto lan neladhani ahlak luhur serto pinuji ingkang sampun kacontokaken
dening Rosululloh SAW.
Kados dawuh dalem Alloh Ta`ala:
Wainnaka la`ala khuluqiin `adziim.
Tegesipun :”Lan
satemene siro(Muhammad) anduweni bebuden kang luhur.”
Akhirul kalam, mugi kito tansah dipun paringi dening Allah
taufiq soho hidayah, saenggo sarono mekaten kito sedoyo mampu anggayahi
dhawuh-dhawuh Nabi kito Muhammad SAW soho monggo kito ngathah-ngathahaken maos
sholawat atas Nabi Muhammad SAW kersanipun mangke kito pikantuk derajat khusnul
kotimah lan ing tembe gampil nampi syafa`at(pitulungan) Rosululloh SAW ing
dinten kiyamat mangke. Amin ya robal alamin
Cekap semanten atur saking kulo, mbok bilih wonten
klenta-klentuning rembag kula ingkang kirang mranani, kula tansah nyuwun
agunging pangaksami.
Wassalamu`alaikum wr.wb
http://royhansy.blogspot.com/2013/02/sesorah-pengetan-maulud-nabi.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar